unining ati kang kothong.....

Minggu, 03 April 2011

TEMBANG SUWUNG



Cumloroting lintang-lintang
Kang kethap-kethip ing tawang
Gawe ati tansaya sumelang
Geneya ing ngarepku akeh pepalang

Pitakonan siji tansah gumleyang
Apa peteng iki sesuk bakal dadi padhang?
Lan sumpeking rasa bisa dadi lodhang
Nalika pletheking kuciwa tan tinandhing
Apa pepadhang uga tan sinandhing
Tumuli amung duhkita lan kaduwung
Kang ngrakit tembang nganggo tembung suwung
                                                Yogyakarta, 14 Desember 2010

Tidak ada komentar:

Posting Komentar