unining ati kang kothong.....

Minggu, 03 April 2011

MBABAR KABAR


Pengarep-arep iki isih murub
Sumebul sundhul ora kodal
Saupama obor cahyane tansah sumebar
Mbabar kabar kang rinasa luber
            Wingi, saiki lan sesuk
            Tetep dakkekep sepi kang angrungkebi wengi
Supaya sliramu tan lingsem anggone mesem
Lan kecuting lelakon ora tansaya kebacut
                        Yogya, 14 Desember 2010 ©
(Kamot ing Djaka Lodang 06 Agustus 2011, edisi 10)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar