unining ati kang kothong.....

Minggu, 03 April 2011

TAN WINATES


Apa sliramu ora bisa maca??
Tresnaku tumus jroning nala
Senajan ora tau kumucap ing lathi
Nanging tansah kaukir ing ati

Apa sliramu ora bisa ngrasa??
Sihku tinumpah ing sadawaning karsa
Tan bisa kendhat tan bisa kandheg
Tan oncat tansah ajeg sigeg

Ngertiya...
Tresnaku iki mung kanggo sliramu..
Sliramu

                                                Mbener, 06 Desember 2010 18:28:18  ©
                                                Geneya sliramu mungkur saka atiku??

Tidak ada komentar:

Posting Komentar