unining ati kang kothong.....

Minggu, 03 April 2011

Ati kang Grimis

  

Dakkira mangsa rendheng ora kereng
Nanging jebul gawe ati pating pontang-panting
Bingung...ngadhepi banyu kang ngedhap-edhapi
Kudu madhep senajan ora karep
Kudu mantep senajan tetep  ketatap

Tontonana ing kali kae
Banyu mili ngelekake samubarang kang diliwati
Lan manungsa mung bisa nyawang kerenging rendheng kang gawe ati pating pontang-panting

Ah...dene udan riwis-riwis ora uwis-uwis
Nggawe ati grimis lan nangis

Tidak ada komentar:

Posting Komentar