unining ati kang kothong.....

Minggu, 03 April 2011

Nulis Nganggo Basa Jawa Iku (Ora) Gampang


Driji-driji kang mucuk eri kuwi nari ing sakndhuwure tuts komputer. Sajak nembe kaya gladhen sepisanan. Kerep kandheg, kaku lan satleraman uga katon bingung lan mbingungi. Kaya mangkono uga kang dilakoni akeh pawongan nalika nulis nganggo basa Jawa. Ora mung kang sepisan, nanging uga nalika nulis kang kapindho, katelu, lan sakbacute.
Apa to sejatine nulis kuwi? Miturut wikipedia nulis kuwi sawijining pegawean kanggo ngripta cathetan ing sawijining medhia kanthi migunakke aksara. Basa kang digunakke b
Akeh piyantun kang menehi ngerti menawa nulis kuwi saktemene gampang. Amrih duwe grengseng kang kuwat, mesthi bakal dadi. Kasunyatane ora mangkono, nulis kuwi ora mung butuh grengseng kang kuwat, ananging uga mbutuhke sipat kang tlaten, sabar, lan gelem berproses.
Menawa diupamakke kaya manungsa, kawiwitan saka lair –kang ora bisa apa-apa kejaba nangis-, banjur bisa tengkureb, mbrangkang, mlaku, banjur mlayu. Kaya mangkono uga kaprigelan nulis, kawiwitan saka ora bisa apa-apa, banjur berproses lan sakbanjure dadi bisa.
Proses kang kudu dilakoni uga ora gampang. Ngrakit tembung-tembung dadi ukara kang mantes lan mentes kuwi ya angel. Apamaneh  menawa acuan kang dianggo kuwi basa liya upamane basa Indonesia. Struktur basa Jawa lan basa Indonesia kuwi beda. Akeh tetembungan ing basa Indonesia kang ora bisa dijawakake.
Banjur piye supaya bisa prigel nulis Jawa? Nyoba, nyoba, lan nyoba. Gladhen, gladhen, lan gladhen. Ora ana cara liya kejaba kuwi. Alah bisa karena biasa. Witing tresna jalaran saka kulina. Kaya mangkono uga kaprigelan nulis basa Jawa. Bisa amarga wis bisaa. Tresna amarga uwis dadi pakulinan saben dinane.
Nanging ya aja kaget, awakku iki jebul jarkoni. Bisa ujar nanging durung bisa nglakoni. La tekan saiki, menawa dikongkon nulis wae durung bisa kok. Nyoba pisan durung kasil langsung nglokro. Pancen bener, nulis nganggo basa Jawa kuwi (ora) gampang.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar