rasa iki..
daktitpke ing abanging ludiramu
supaya mili ngeli ing urating nadhimu
tinancep ing jantung lan atimu
unining ati kang kothong.....
Tampilkan postingan dengan label asmara. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label asmara. Tampilkan semua postingan
Minggu, 03 April 2011
TAN WINATES
Apa sliramu ora bisa maca??
Tresnaku tumus jroning nala
Senajan ora tau kumucap ing lathi
Nanging tansah kaukir ing ati
Apa sliramu ora bisa ngrasa??
Sihku tinumpah ing sadawaning karsa
Tan bisa kendhat tan bisa kandheg
Tan oncat tansah ajeg sigeg
Ngertiya...
Tresnaku iki mung kanggo sliramu..
Sliramu
Mbener, 06 Desember 2010 18:28:18 ©
Geneya sliramu mungkur saka atiku??
Langganan:
Postingan (Atom)